SUWUNAN URIP

 

SUWUNAN URIP

 (H. KHAPID, S.Ag., M.S.I.)

 

Bismilllah Niat Ati Ingkang Suci

Kulo Nyuwun Taufiq Hidayah Ilahi

Sholawat Lan Salam Maring Kanjeng Nabi

Mugi Sya’ir Kulo Nggowo Ridho Ati

 

Niat Ingsun Ngaji Krono Prentah Alloh

Krono Ngurip-Ngurip Agamane Alloh

Krono Syukur Ing Nikmate Gusti Alloh

Krono Amrih Karidone Gusti Alloh

 

Mugi Urip Kulo Urip Ingkang Berkah

Urip Sing Sakinah Mawadah Warohmah

Rejekine Halal Gampang Tur Melimpah

Sangune Ibadah Ilmu Lan Sedekah

 

Paringana Badan Sehat Selawase

Jembar Rejekine Kepenak Uripe

Ziyaroh Ing Mekah Ugo Ing Madinah

Mbenjang Pejah Kulo Mugi Husnul Khotimah

 

Wonten Ing Kuburan Nyuwun Padang Jembar

Mugi Saged Njawab Pitakone Munkar

Nunggu Ning Kuburan Ora Krasa Suwe

Iki Tanda-Tanda Wong Apik Amale

 

Padang Mahsyar Panase Jan Ora Eling

Butuh Payung Gusti Kulo Nyuwun Paring

Kulo Nyuwun Gampang Sirotol Mustaqim

Mlebet Surgo Firdos Ma’wa Aden Naim

 

Almaqomul Amin Khuldi Darussalam

Mugi Istiqomah Ngaji Siang Malam

Urip Alam Dunyo Mugi Angsal Mulyo

Mbenjang Ing Akherat Mlebet Ing Suargo

 

Hafid Aran Asor Ingkang Nyusun Syair

Ganjarane Mugi Lumintu Lumintir

Langgar Doyong Iku Panggonan Ngajine

Mugi-Mugi Kabeh Manfaat Ilmune

 

Mugi Sya’ir Niki Disimpen Ing Ati

Nuntun Dalan Bener Tekan Mbenjang Mati

Sholawat Lan Salam Katur Kanjeng Nabi

Mugi Gusti Allah Kerso Nyembadani



Comments

Popular posts from this blog

100 SOAL BENAR - SALAH MATERI 99ASMAUL HUSNA DAN ARTINYA

100 SOAL BENAR SALAH MATERI IMAN KEPADA KITA-KITAB ALLOH

Soal STS PAI Kelas VII